Sneakersindo Group on Facebook
Jan 23

JOGJA SNEAKERS HEAD PART 3 @ SNEAKERSINDO

Posted by: dionakapenjol  
Tagged in: Untagged 

Kocap kacarito ing wanci jam pitu bengi kala bulan maret 2009 aku di aturi asw sak brayat rawuh ana ing warnet royale. Wektu kui aku di kongkon nglumpuke cah2 jogja sing do seneng sepatu ked (sneakers). Ora let suwe dewe do kumpul neng cheers kafe..Sak bar kui meh mben sasi cah jogja sing do seneng sepatu ked do kumpul. Bocah2e do guyup rukun, andap asor lan tek jing tek jing kabeh.Sepatune wangun nambahi pasuryane tambah sumunar. Yo ngono kui kedadean e ana jeneng kleb JOGJA SNEAKERS HEAD. Tekan saiki bocahe tambah akeh lan tambah guyup. Ora mung tekan sakmana tok, dewe do duwe pepengenan gawe tontonan sepatu neng jogja, ben cah2 liyane do reti nek neng jogja ana kleb sepatu sing sangar. Apa meneh dewe di bekingi karo kolektor e sepatu ked jogja sing kesohor nganggo jeneng b96t lan asw. Mbok men le meh gawe tontonan sepatu ked ra kelakon2 dewe tetep ra minder. Mbiyen sing nek do mlaku neng mall mung do mundak munduk saiki wes do wani ndegeg mlakune amarga panganggone sepatu keds sing ori ugo sangar. Ra urusan arep do ngomong opo karo awake dewe le penting dewe nganggo sepatu ori tur sangar. Kowe arep cah Punk, Skin head, HC, Cah skate, cah mbantul, cah kulon kali, nek do seneng sepatu ori rasah isin2 melu kumpul.. Nak nggih mekaten to mas Anank..Wes Sakmana disik le ngecret, iki ana poto2 pas njamoni ERIK aka KUASA sing gek kesel kuliah neng Amerika pengen ndolani cah2 sepatu jogja karo poto2 gek bar do futsal..Poto iki di jipuk neng next futsal karo neng myth kafe dagen..Mangga menawi badhe nonton..

 

 

 

 

 

 

 

 

 
Joomla 1.5 Templates by Joomlashack